Cerkak : KIAI BROJOL
Aku wis keguguran kaping pindo, jare dokter rahimku rada lemah, mula aku kudu ngati-ati nggo kandutanku saiki. Aku kudu ngombe macem-macem vitamin sing diwènèhaké dokter kanggo nguatake rahim. Paling ora isa nglewati umur pitung sasi, yen kepaksa operasi sesar jabang bayi wis aman. Aku njaga stamina banget supaya ora kesel, fisik lan psikologis, aja nganti lara. Kandutanku luwih penting tinimbang gawean utawa karir. Untunge bojoku, Mas Gio, nyengkuyung banget.
“Nek dipecat merga kerep mbolos ya ora apa-apa, mengko isih bisa golek gawean maneh. Isi kandunganmu luwih penting”, Mas Gio nyemangati aku. Bener Mas Gio, taun ngarep umurku ndungkap telung puluh lima taun, luwih angel kanggo mbobot. Aku bakal nindakake apa wae kanggo njaga guwa-garbaku lan mesthi wae pangarep-arep bisa nggendong bayi dadi kenyataan.
Keluarga anyarku durung bisa mbangun omah dhewe, mula aku isih nunut ing omahe maratuwaku, sing saiki didunungi dening bapak mertuwaku dewe. Mas Gio uga kepengin cedhak karo bapake sing lagi nglakoni yuswa sepuhe, apa maneh dheweke anak tunggal. Bapak maratuwa kuwi wong sing mandiri lan jembar pikirane. Ora rewel lan aleman. Aku ora krasa repot manggon sak omah, luwih-luwih bapak maratuwaku wis akeh kegiyatan kayata ngolah kebon, ngurusi ingon-ingon manuk,iwak koi, uga nglukis lan main musik, utamane piano.
Esuk iku aku dhewekan ana ing omah amarga Bapak pamit arep ketemu kanca-kanca pensiunan ing warung kopi sing biasa dienggo nongkrong bareng. Awakku lagi ora kepenak dadi ora mangkat kerja. Sedhela meneh kandutanku meh pitung sasi, rasane kaya munggah gunung tekan pos peristirahat terakhir, wis cedhak puncak. Ujug-ujug ana sing ngebel lawang. “Nyuwun sewu, Bu, menapa leres menika griyanipun Pak Probo?”, pawongan kui uluk salam karo hormat. Aku kaget lan gumun, rasane aku wis tahu ketemu wong iki nanging ing ngendi lan kapan aku lali. Wong tuwa pawakan rada kuru, brengos lan jenggot wis putih. Busana Jawa kuna, jarit lan surjan warno gelap, ikete wulung. Pawongan kui katon kesusu ora gelem mlebu kamar tamu, langsung ngulungake barang sing dibungkus kain mori putih. Aku rada ragu-ragu lan curiga. Aneh.
“Nuwun sewu Pak, menika menapa lan saking sinten?”, pitakonku
“Kula namung dhawuh kautus Ibu, nuwun sewu, mangke pun aturaken mawon dumateng Pak Probo ,” kandhane banjur pamit. Tanpa akeh tembung, wong kui klepat lunga kaya ilang. Barang titipan tak selehke ing meja ruang tamu. Dumadakan aku eling, rong dina kepungkur, aku ngimpi ketemu wong tuwa. Ah…wong mau iku rupane persis sing tak temoni ing impen wingi. Aku lungguh karo nyoba nggathuke apa sing lagi kedaden lan ing ngimpi. Wong tuwo kuwi ndelehke tlapak tangane ing wetengku. Nanging sapa dheweke?
Bareng maratuwaku mulih, aku nyritakake kedadeyan mau. Bapak uga rada kaget krungu akuwi. Aku ro Bapak lungguh ing ruang tamu madhepi buntelan mori putih. Kanthi ati-ati, Bapak ngangkat lan nguculi mori. Pranyata isine keris kanthi pendok prasaja sing digawe saka tembaga utawa kuningan lawas. Bapak alon-alon nglolos keris metu saka warangkane, banjur diadepke kanthi hormat, jejeg ing ngarep bathuk. Ora ana sing istimewa. Rupa keris tanpa luk, gur kaya pucuking tumbak. Pamore katon kusam lamat-lamat, pratandha yen ora tau diresiki utawa diwarangi. Sawise dilebokake maneh ing warangka, Bapak menerawang lan ngadika.
“ Keris Kyai Brojol, akhire mulih sawise pirang-pirang taun ilang”. Sakwise kuwi, Bapak crita yen jenate Simbah biyen duwe keris sing diwarisake turun temurun, jenenge Kiai Brojol. Keris iki dipercaya nduweni daya kanggo njaga guwa-garba, mula kerep ganti tangan lan disilih mrana-mrene kanggo acara Mitoni. Sawijining ritual nyuwun keslametan guwa garba nalika kandutan umur pitung sasi. Adegan penting ing ritual kuwi, sawise pawestri sik lagi mbobot diadusi banyu kembang, bojone nganggo sandhangan adat lengkap utawa kaya ksatria kaya ing wayang wong njoget nyedhaki , banjur narik kerise Kiai Brojol kanggo ngethok janur sing wis dikalungke medun tekan padarane.. Banjur disusul adegan sepasang cangkir gadhing sing wis digambari sepasang wayang, biasane Arjuna lan Sembadra, diculake saka ndhuwur kemben njut tiba mudhun, sawijining ibu wis njaga ngisor jarit kanggo nangkap cangkir kasebut supaya ora tiba. Lambang proses kelairan.
“Nduk, umur kandutanmu saiki pira?” pitakone maratuwa dumadakan.
“Minggu ngajeng dungkap pitung wulan”
“Iki mesti dudu katepakan. Kiai Brojol wis mulih dhewe, mesthi ana maknane”.
“Pak, kalih dinten kepengker kula ngimpi pinanggih pawongan sepuh lajeng numpangaken tanganipun wonten padaran kula”, aku wiwit crita.
“Maksudmu piye Nduk?”
“Tiyang ingkang ngirim keris iku pranyata persis kados ingkang wonten impen kula.” Bapak kaget, unjal ambegan jero banjur meneng sedhela.
“Wis cetha Nduk. Awake dewe bakal nganakake upacara Mitoni nganggo Kiai Brojol, mengko Bapak mbuka Primbon, golek dina apik ”
“Pak, menapa niku mboten …?”, durung rampung aku takon wis dipungkasi Bapak.
“Musrik, maksudmu?”, Bapak ngguyu entheng lan njlentrehake maksude upacara Mitoni kui.
“Awake dewe tetap percaya marang Gusti Ingkang Maha Kuwasa, sik ngatur kabeh titah neng donya iki. Nanging Gusti Allah ora bisa tedhak lan tumindak langsung marang kita menungsa. Gusti mbutuhake sarana lan cara sik patrep miturut budaya lan daya nalar manungsa supaya bisa dingerteni lan dirasakake dening manungsa. Kabeh pandonga, tradisi, ritual, mantra sesaji lan bebanten gur minangka sarana supaya Gusti bisa thedak dan tumindak kanggo menungsa.. Imane dewe tetep kagem Gusti, kabeh liyane mung sarana. Awake dewe tetep nyembah Gusti Allah, dudu tradisi lan uba rampe liyane. Paham?”
Aku mung bisa manthuk-manthuk, banjur pamit menyang kamar merga Mas Gio bar wae kirim WA yen wis neng perjalanan mulih nanging aku ora ngerti carane nyritakake kanggo deweke kabeh iki. Wis ben, kui urusan Bapak.
Catatan: Maaf basa Jawane grothal grathul
Tanah Lot, 6 februari 2026
Paul Subiyanto


apik tenan Bli, gruthal grathul uga le maca…
salam JMJ