HARUS MENANAM APA AGAR PANEN BEJO ?

HARUS MENANAM APA AGAR PANEN BEJO ?
  • mengenang Nasirun, perupa yang melukis dengan perpaduan aneka nilai dan pelajaran kehidupan

menanam jagung, panen jagung
menanam padi, panen padi.
kita mesti tanam apa agar panen bejo ?

ngundhuh wohing pakarti
itu kunci jawabannya.
Bejo iku undhuh-undhuhane anggon kita nandur pakarti.

Pakarti sing kepriye, pakarti sing endi wae ?

Wong Romawi kuno duwe nasehat: amor gignit amorem, katresnan nuwuhake katresnan.
apa kudu nandur bejo amrih manen bejo ?

bejo iku syukur,
bejo iku loma asih tresna amargo luwih dhisik awakmu tinresnan dening wong atuwamu, dening wong liya kang nresnani sliramu pindha wong atuwamu,
bejo iku nresnani kabisan kang diparingake Pangeran marang sliramu.

Mula makaryaa kanthi temen,
gemi, setiti, ngati-ati.
Sekecil apapun barang, orang, kejadian, tugas, kepercayaan, hargailah dengan cinta dan kesungguhan yang besar.
kamu tak akan bisa jadi besar jika kamu tidak bisa menghargai hal hal kecil dengan cinta dan kesungguhan yang besar.

kapan panen keberuntungannya ? kapan kita ngundhuh bejo ?

dudu urusanmu ngoyak kabegjan.
urusanmu makarya kanthi temen, ngregani apa wae lah sapa wae sing dianggep sepele kanthi rasa katresnan sing gedhe, atur panuwun gedhe.
yen mangkono sliramu bakal tinemu liyan minangka kabegjan, uripmu nuwuhake bejo ora mung tumrap sliramu,
liyan uga nemu bejo kang tuwuh saka pakartimu.

banguntapan, 6 Agustus 2026

admin

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *