Klambi Abang Bata ing Impen

Klambi Abang Bata ing Impen

Sawijining wengi, ngepasi dina Jemuwah, 07/08/2026, aku duwe impen sing rasane endah lan nrenyuhake ati. Ing njero impen kuwi, aku ndeleng Simak. Piyambakipun katon sumringah lan prasaja banget. Pasuryane uga katon seger.

Wanci esuk sing adhem lan seger, kaya biasane nek aku isih nang Cokro, wektu kui. Aku durung sempat takon, ananging Simak wus paring pangandikan, “Aku arep nang greja.” Wanci kui, aku iya ningali Simak wis siyap-siyap arep tindak menyang greja. Piyambakipun ngagem klambi warna abang bata sing katon luwes lan pas banget ing awake. Pasemone Simak katon nengsemake, kebak kabagyan lan katentreman. Kanthi langkah sing manteb lan mesem manis, Simak tindak nindakake ibadah ing esuk iku.

Aku dumadakan melek, sadar lan eling. Simak wis seda 100 dina kepungkur. Aku mung iso meneng lan sedhela ndonga.

Impen iki ninggalake rasa ayem ing njero atiku. Miturutku, ono sik prelu uga diandha. Pasemone Simak ing sumringah lan langkahé sing manteb nalika arep ibadah nuduhake katentreman batin sing dhuwur. Simak wis nemokake papan sing tentrem, bebas saka kabeh karubedan donya.

Klambi abang bata sing diagem Simak kaya nggambarake semangat, katresnan, lan ketulusan sing ora tau pudar. Malah ing impen, Simak tetep dadi sosok sing nggawa kabungahan lan ketenangan kanggo wong-wong ing saubengé.

Senajan mung ana ing alam impen, rasa kangen iki malih dadi kekuwatan. Impen iki dadi donga lan pangeling supaya aku sing isih ana ing donya iki bisa nerusake urip kanthi ati sing prasaja, tansah cedhak marang Gusti, lan tetep nggawa kabungahan kanggo wong liya kaya dene Simak.

Kabeh mau krasa kaya pesen menawa Simak saiki wis ana ing papan sing paling endah, kebak katresnan, lan tansah mesem nyawang anak-anake sing isih lumaku ing ndonya.

Swarga langgeng!

C. IsmulCokro

C. IsmulCokro (CB. Ismulyadi), tinggal Sleman. Pernah studi di Fak Teologi di Universitas Sanata Dharma, Yogyakarta (Fakultas Teologi Wedha Bhakti) dan Ilmu Religi Budaya USD. Sampai saat ini masih berkarya sebagai ASN. Giat dalam dunia penulisan sebagai writerpreneur, editor freelance, redaksi salah satu tabloid dan memotivasi berbagai kalangan yang akan berproses menulis dan menerbitkannya. Email: cokroismul@gmail.com. FB. Carolus ismulcokro

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *